BECAK NGGA OLEH MLEBU
Wonokairun sing lagi anyaran nggenjot becak disemprit pulisi. "heii... mbah sampeyan gek ndelok ta iki onok rambu Becak dilarang masuk".
Wonokairun ancen mbecak pas nang jalan sing onok rambu gambar becak dsilang garis ireng,Pulisi iku marani Wonokairun.
"Pak puolisi, aku iki yo ndelok rek.. tapi iku gambar becak kuosong ngga onok wonge. Becakku onok wonge jehhh.. onok sing nggenjot, berarti oleh liwat,"jare Wonokairun ngeyel."Mbah sampeyan nggak ndelok ... gambar iku berarti becak ngga oleh liwat kene!" Jarene Pak Pulisi karo metenteng.
"Guooooooobbbllllloooooog.......... sampeyan opo yo ngga iso moco? Nang ngisore gambar onok tulisanne BECAK DILARANG MASUK", jare pak pulisi maneh."oooooooo..... nggak pak, aku ngga isok moco aku buta huruf. Nek isok moco aku nggak mbecak , aku dadi pulisi ae koyok sampeyan...." jare Wonokairun pringissan


11:32 PM
Icha

0 comments:
Post a Comment